Waosan:
2 Korinta 12: 1-10. | Pamuji: KPK 34: 4.
“Mulane
aku seneng lan rila ana ing kaapesanku, ing sajroning kasiksa, ing karibedan,
ing panguya-uya lan karupekan marga saka Sang Kristus. Awit yen aku apes, iku
aku kuwat.” (ay. 10)
Rasul Paulus nate kenging pacoben supados piyambakipun sombong lan ngunggul-unggulaken iman kapitadosanipun. Nanging Rasul Paulus kagungan pemanggih piyambak, inggih punika, remen lan rila ing kaapesan nalika kasiksa, ing karibedan, ing panguya-uya lan karupekan margi saking Sang Kristus. Kenging menapa kok Rasul Paulus kagungan pemanggih ingkang mekaten? Awit ing ngriku Rasul Paulus malah saged nampeni sih rahmatipun Gusti. Benten malih menawi Rasul Paulus dhawah ing raos sombong. Tamtu ingkang wonten ing pikajengipun inggih namung kemampuan saha kakiyatanipun piyambak.
Pramila, swawi kita tansah nuladha Rasul Paulus, ingkang tansah bingah sinaosa ngraosaken kasangsaran ing satengah pigesanganipun. Bingah, margi nalika kita rumaos ringkih, sejatosipun astanipun Gusti ingkang badhe ngiyataken. Maliginipun ing satengahing pigesangan ingkang saya dangu saya ewed kita lampahi menika, swawi kita tansah sumuyud ing ngarsanipun Gusti lan ngakeni sadaya karingkihan kita. Tamtu, Gusti piyambak ingkang badhe paring kakiyatan saha kasantosan. Awit, kita punika ringkih, ananging karana sih rahmatipun Gusti kita rosa. Amin. [Mbing]
“Ing
satengahing karingkihan kita, wonten kakiyatanipun Allah.”
http://www.gkjw.web.id/ringkih-nanging-rosa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar