Bacaan : Markus 2 : 23 – 28
Pamuji : KJ 164 : 1
Nats: “Dina Sabat iku dianakake kanggo manungsa, ora kok manungsa kanggo dina sabat,…” [ayat 27]

Manungsa nggadhahi watak ingkang maneka warni. Wonten ingkang estu saged manut ing tatanan ingkang sampun dipun tetepaken. Nanging ugi wonten ingkang remen nerak tatanan ingkang dados aturan ing gesang lan lingkunganipun. Ingkang saged manut, badhe nata gesangipun kanthi estu supados boten nerak tatanan punika wau. Satleraman wonten ing seratan Injil punika kados-kadosipun Gusti Yesus peranganing golongan ingkang kaping kalih, inggih punika tiyang ingkang sami remen nerak tatanan ingkang sampun tumata ing tradisi lingkunganipun. Napa pancen leres mekaten? Kita kedah sami mangertos bilih Gusti Yesus tuwuh ing panggulawenthahipun keluarga Yahudi ingkang estu manut ing tatanan lan maneka warni aturan ingkang wonten ing agami lan tradisi masyarakatipun. Karana saking menika Panjenenganipun tamtu sanes golonganing tiyang ingkang remen nerak aturan lan tatanan punika wau.
Ing seratan punika Gusti Yesus babar pindhah boten memprovokasi (ngojok-ojoki) supados para sakabatipun sami nerak aturan tumrap dinten Sabat. Nanging Gusti Yesus paring piwulang bab prinsip enggal ingkang lenggahipun kedah wonten ing papan paling inggil saking sedaya tatananing donya, inggih punika prinsip tresna dhumateng sesami. Punika boten ateges bilih tatananing agami ingkang kadamel kanthi tumata punika kaanggep awon dening pemanggihipun Gusti Yesus. Nanging cethanipun ing ngriki sedaya punika alandhesan tresna dhumateng Gusti Allah lan tresna dhumateng sesami. Paring pitulung dhumateng tiyang sekeng, nyarasaken tiyang sakit, nundhung dhemit lan kathah malih lelampahan ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus ingkang saged dados tuladha ingkang nuntun pangertosan bilih katresnan punika kedah mapan ing papan paling inggil ing sedaya aturan ingkang wonten ing bumi, kalebet tatananing agami. Dados sampun ngantos kita nggadhahi watak kados tiyang Farisi ingkang sampun rumaos suci karana sampun nindakaken sedaya perangan tatananing agami, tanpa perduli dhumateng kawontenaning sesami ing sakiwa tengen kita. Amin. [GaSa]

“Katresnan iku ngungkuli sakabehing tatanan.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar