Waosan : Yokanan 14: 1-6
Pamuji : KPK 148
Nats: “…Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe.”
Pamuji : KPK 148
Nats: “…Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe.”
Kita
sadaya mesthi rumaos ayem lan bingah yen saderengipun kita mangun bale griya
kita sampun dipun cawisi papan padunungan ingkang cekap. Makaten ugi yen
saderengipun pensiun kita sampun nggadhah griya piyambak. Yen makaten manah
kita mesthi boten melang-melang, nanging ayem tentrem lan bingah.
Mendah
begjanipun kita dados pendherekipun Gusti Yesus. Awit kita dipun cawisi papan
padunungan dening Gusti Yesus ing dalemipun Gusti Allah Sang Rama wonten ing
swarga. Punika mesthenipun ngayemaken lan mbingahaken gesang kita. Tumindakipun
Gusti Yesus ingkang makaten punika mesthi kawiwitan anggenipun nyawisaken papan
kangge kita ing lebeting manahipun Gusti Yesus piyambak; kita sadaya mesthi
wonten ing manahipun Gusti Yesus. Sarana makaten Gusti Yesus lan kita saged
tetunggilan sesarengan salaminipun. Punika nedahaken agung lan lebeting
katresnanipun Gusti Yesus dhateng kita. Kita dipun paringi rejeki saben dinten,
kabingahan, kasarasan, kawilujengan, lsp.
Gusti
Yesus sampun nyawisaken papan mulya, ayem tuwin langgeng kangge kita manusa
dosa. Tamtu Gusti ngarsakaken kita ugi nyawisaken papan kangge tiyang-tiyang
ingkang kesrakat gesangipun. Saiba mulyanipun yen kita, selaku pribadi,
kulawarga utawi greja, saged nyawisaken papan padunungan kangge tiyang kesrakat
kados tuna wisma, tiyang miskin. Punika mokal saged kelampahan yen ing manah
kita boten wonten papan kangge tiyang-tiyang punika, yen kita boten nggadhahi
katresnan tulus dhateng tiyang-tiyang makaten.
Yen
ing manah kita pancen wonten papan kangge tiyang-tiyang kesrakat, mesthi kita
tansah kepingin ndongakaken tiyang-tiyang punika saben dinten. Kita mesthi
boten owel maringi pitulungan lan rejeki. Kita mesthi boten lila yen
tiyang-tiyang kesrakat dipun damel sangsara dening tiyang sanes. Amin. [ST]
“Ati kang kebak katresnan dadi papan
kang ngayemake”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar