Bacaan : Lukas 4 : 38 – 44
| Nyanyian
: KJ 432 : 1
Nats: “Kemudian Ia meninggalkan rumah
ibadat itu, dan pergi ke rumah Simon. Adapun ibu mertua Simon demam keras dan
mereka meminta kepada Yesus supaya menolong dia. Maka Ia berdiri di sisi perempuan
itu, lalu menghardik demam itu, dan penyakit itu pun meninggalkan dia.
Perempuan itu segera bangun dan melayani mereka.” [ayat 38 - 39]
Pada tahun ajaran 2014/2015
semua sekolah harus menggunakan kurikulum 2013. Salah satu isi dari kurikulum
tersebut yaitu, “pendidikan karakter” harus diintegrasikan pada semua mata
pelajaran. Tempo dulu sebenarnya di sekolah sudah diberikan pendidikan karakter
dengan nama “Budi Pekerti”. Begitu pentignya pendidikan karakter untuk
diberikan di sekolah karena di Indonesia khususnya banyak orang yang cerdas di
sisi ilmu pengetahuan, tetapi sangat memprihatinkan di sisi lain, yaitu banyak
orang yang karakternya tidak baik. Contohnya, tingkat korupsi yang sangat
tinggi. Apalagi tindakan-tindakan asusila lainnya, yaitu pheudophilia.
Bacaan hari ini memberi
pelajaran kepada kita. Tuhan Yesus mengajar di rumah-rumah ibadat yang sudah
tentu mengajar berbagai hal: tentang kasih, sopan santun, bersyukur,
menghormati, memuliakan Allah, dan lain-lain. Ketika Tuhan Yesus bertemu dengan
banyak orang, apa yang diajarkan diimplementasikan juga dalam tindakanNya.
Tuhan Yesus menyembuhkan orang sakit, memberi makan orang yang lapar,
menguatkan yang lemah, menasihati orang yang bertindak serong, dan masih banyak
lagi. Kata-kata dan tindakan Tuhan Yesus mencerminkan bahwa Dia adalah Anak
Allah. Pernyataan bahwa Yesus adalah Anak Allah bukan saja manusia yang
mengatakan, tetapi setan-setan pun juga mengatakannya. Jadi, apa yang keluar
dari mulut Tuhan Yesus ada di dalam hatiNya dan tindakanNya.
Bagaimana dengan kita?
Ternyata kita sering menjadi seperti gajah diblangkoni, artinya iso khotbah gak
iso ngelakoni (bisa bicara, tapi tidak bisa melakukannya). Jangan bicara
keras-keras ya.. Nanti didengar orang lain. mudah-mudahan jemaat di GKJW tidak
ada “Gajah yang Diblangkoni”.. malu ahh!! [DG]
“Talk less, do
more!” (Bicaralah sedikit, berbuatlah banyak!)
Waosan : Matius 10 : 16 –
23 | Pamuji
: KPK 79
Nats : “…aja padha sumelang ing bab kapriye
lan apa kang bakal kokaturake, amarga iku kabeh sanalika iku uga bakal
kaparingake marang kowe… [ayat 19]
Istilah
ingkang kawentar ing antawising tiyang nem-neman jaman samangke inggih menika
aku ra papa. Nadyan mboten kiyat utawi awrat nyanggi momotan, tetep mungel aku
ra papa, supados ketingal kiyat. Wonten malih kahananing manungsa ingkang
mboten pitados kaliyan panguwaospun Gusti Allah. Ngendelaken kesagedan,
kasugihanipun. Conto: tiyang kirang pitados bilih Gusti punika sumbering obat
lan kesarasan. Tiyang namung pitados saged saras saking sakitipun awit obat
ingkang dipun inum. Aku isa sugih merga aku sing usaha mati-matian, mboten
amargi Gusti Allah ingkang sampun paring berkah.
Ndherek
Gusti Yesus punika inggih kedah ngandelaken Gusti, pasrah sawetahing gesang
kita dhumatheng panguwaosipun Gusti. Mboten kok epok-epok (pura-pura) kiyat
nyanggi perkawising gesang, nanging nyatanipun mboten kiyat nyanggi. Kita kedah
pitados bilih Gusti Yesus sampun nyawisaken sedaya kagem tiyang pitados.
Kados ing
waosan kita nalika para Rasul kautus dening Gusti Yesus, kados dene wedhus
gembel dhateng ing satengahing asu ajag (ayat 16), mesthi badhe manggihi
alangan lan bebaya ageng. Ananging Gusti dhawuh badhe ngirid lampahipun,
nyagedaken nglangkungi sedaya reridhuning gesang, lan ugi nyagedaken kita dados
seksinipun Gusti ingkang sae (ayat 19). Ingkang dipun betahaken inggih menika
watak jujur dhumateng Gusti menawi kita mboten kiyat, lsp. Gusti mesthi bakal
nyawisaken lan nyagedaken kita. Tuladhanipun kita mboten saged paring
pangapunten dhateng tiyang sanes, awit saking sanget sengitipun kaliyan tiyang
punika. Menawi kita blaka lan nyuwun tulung dhateng Gusti, mesthi Gusti Yesus
badhe nyagedaken kita paring pangapunten dhateng tiyang punika. Kita mboten
saged lelados ing mimbar, awit kathah anggota majelising pasamuwan ugi ajrih
menawi badhe lelados kotbah wonten ing mimbar, menawi kita purun nyuwun, Gusti
mesthi nyagedaken. Sumangga kita pitados, masrahaken gesang kita dhateng Gusti.
Gusti sampun nyawisaken sedaya perkawis ingkang dipun betahaken dening kita
tiyang pitados. [Yono]
“Gusti,
kasagedna kawula dados seksi lan pelados Paduka!”
Bacaan:
Kisah Para Rasul 20 : 17-27 | Pujian : KJ 375
Melakukan
Tugas untuk bersaksi atau mengabarkan injil hendaknya dijiwai oleh rasa
tanggungjawab, ketulusan, serta kesiapan mental spiritual yang matang, sehingga
mampu melaksanakan dengan sebaik-baiknya sesuai dengan kehendak Tuhan.
Seseorang akan menjadi berani untuk bersaksi manakala kesiapan secara pribadi
sangat matang.
Rasul
Paulus mengutus seorang dari Miletus ke Efesus dengan maksud dan tujuan
melakukan kesaksian tentang karya Yesus, walaupun jalannya berliku-liku seperti
yang dialami Paulus. Dia bersaksi di Asia dengan kondisi kehidupan yang
memprihatinkan. Namun dibalik semua itu ada kekuatan yang luar biasa yang telah
dirasakan oleh Rasul Paulus karena campur tangan Allah, peranan Roh Kudus,
dalam pelayanan bersaksi yang dilakukan Rasul Paulus. Sekalipun Paulus
melakukan pelayanan kesaksian dengan rendah hati, namun tidak sedikit tantangan
dan rintangan yang menghadangnya, bahkan dengan cucuran air mata. Kehidupan
Rasul Paulus yang tidak mudah, namun nasehat dan ajaran Rasul Paulus tetap
disampaikan kepada rekan sepelayanannya, walaupun kondisinya sulit karena
situasi dan kondisi. Dalam realitas yang begitu serius sehingga pemberitaannya
sering disertai dengan cucuran air mata, Paulus tidak pernah melalaikan apa
yang berguna bagi kita, memberikan yang sangat bermanfaat dan diperlukan untuk
keselamatan para pendengarnya.
Para
pemberita injil harus setia untuk menyampaikan seluruh kebenaran Allah.
Penderitaan dan penganiayaan menanti Rasul Paulus, namun dia menyerahkan
kehidupannya kepada Allah. Pemberitahuan tentang kesukaran dan hukuman penjara
yang senantiasa mengancam pelayanannya, tidak mengecilkan hati Paulus. Yang
paling penting bagi Rasul Paulus adalah menyelesaikan pelayanan yang
dipercayakan Allah kepadanya dan tidak kuatir kehilangan nyawa, karena apa yang
dilakukan Rasul Paulus adalah tugas yang mulia dari Allah.
Kita tidak
perlu takut dalam melakukan tugas bersaksi. Sebaliknya, kita seharusnya
melakukan tugas mulia ini dengan sukacita. Amin. [PDL]
Kesaksian
yang paling kuat adalah berasal dari pengalaman hidup pribadi.
Waosan: Yokanan
15:9-11
Pamuji : KPK no. 56:1,2,3.
Nats
: “… supaya kabungahanmu dadia sampurna” (ayat 11b).
Kawontenaning
gesang menika rak isi kalih perkawis utawi swasana ingkang asring beda sanget.
Wonten wekdalipun panas, kosokwangsulipun wonten wekdalipun asrep, mekaten ugi
wonten sehat-sakit, bingah-sisah, untung-rugi, begja-apes, sugih-mlarat, lsp.
Kawontenan ingkang beda-beda kalawau dhatengipun gilir gumantos lan asring
mboten kita rancang lan tanpa kita nyana-nyana.
Ing wekdal
kita rumaos samukawis ing salebeting gesang kita lumampah kanthi sae lan
lancar, kita mongkog lan suka bingah. Nanging, yen karibedan, pakewed,
kaprihatosan, lan kasedhihan ngampiri gesang kita, asring kita lajeng kintir
lan malah klelep ing salebeting swasana sedhih lajeng stres utawi depresi.
Kabingahan
ingkang sejatos menika langkung penting katimbang ‘perputaran’
kawontenan ingkang beda-beda kalawau. Kabingahan ingkang sejatos pinangkanipun
saking sesambetan ingkang tetep (‘konsisten’) kaliyan Gusti Yesus Kristus.
Menawi gesang kita nggadhahi sesambetan ingkang raket kaliyan Panjenenganipun,
Gusti Yesus mesthi paring pitulungan supados kita saged lumampah ngatasi
sawernining pakewed tanpa klelep ing dhasaring kasisahan. Kabingahan gesang
kaliyan Gusti Yesus Kristus saben dinten badhe njagi kita tetep tenang
ing sadhengah kawontenan, bingah utawi sisah.
Masyarakat
Jawi kanthi wicaksana gadhah pepenget: ‘Aja nggege mangsa’, artosipun aja
nyepetke mangsa utawa wektu. Sebab, samukawis bab ingkang kedadosan punika rak
dhasaripun karana Gusti Allah ingkang ngersakaken, pramila lajeng wonten
unèn-unèn ‘wis titi wancine’. Samukawis bab ingkang prosesipun ‘instan’
tamtu asilipun kirang maremaken. Menawi kita kepengin panenipun sae, tamtunipun
kita kedah nyebar wiji lan ngrimati, ateges kita perlu wekdal lan sabar. ‘Aja
nggege mangsa’ ugi isi pitutur supados manungsa menika langkung sabar, mboten
grusa-grusu kangge nggayuh cita-citanipun, menapa malih mboten ngantos meksa
supados pikajengipun piyambak enggal kasembadan. Tata cara gesang ingkang
mekaten menika nglairaken kabingahan ingkang sampurna. Amin. (Esha).
“Wong
mursid rineksa ing Pangeran, wong ala tumiba ing karusakan.”
Bacaan: Yohanes 6:
52-59
Pujian: KJ 315
Nats :
“Barangsiapa makan dagingKu dan minum darahKu, ia mempunyai hidup yang kekal
dan Aku akan membangkitkan dia pada akhir zaman.” (ay. 54)
Pernahkah
kita mengalami, apa yang kita sampaikan berbeda dengan apa yang diterima dan
dipahami oleh orang lain. Pasti menyebalkan. Rupanya itulah yang terjadi ketika
Tuhan Yesus berbicara dengan banyak orang yang mengikutiNya. Pernyataan Tuhan
Yesus yang mengatakan bahwa roti yang ia berikan adalah dagingNya sendiri yang
diberikan untuk hidup dunia (ayat 51) telah menggoncangkan iman mereka.
Pembicaraan
yang tadinya tenang telah berubah menjadi sebuah kegaduhan. Orang-orang yang
mengikut Tuhan Yesus saling bertengkar. Sebab bagaimana mungkin seseorang akan
memberikan dagingNya untuk dimakan? Ah, jangan-jangan selama ini mereka sudah
mengikuti pemimpin yang salah? Bagaimana ini? Apa mereka akan dijadikan pemakan
daging manusia oleh Tuhan Yesus? Jelas, sangat tidak mudah bagi mereka, untuk
memahami makna yang tersembunyi dari apa yang disampaikan Tuhan Yesus.
Tuhan Yesus
sebenarnya hendak mengatakan bahwa orang yang mau menerimaNya secara utuh
sebagai Juruselamat (dilambangkan dengan memakan daging dan meminum darah Tuhan
Yesus) maka orang tersebut akan diselamatkan. Sebuah kiasan yang menyatakan
bahwa mereka yang diselamatkan adalah mereka yang bersedia menyatukan diri
dengan Kristus, menerimaNya secara utuh dan menjadikan Kristus sebagai
“Kekuatan Hidup” yang senantiasa menggerakkan manusia dalam karya dan karsa
Allah dalam hidupnya.
Bagaimana
dengan saudara? Apakah saudara telah menerima Tuhan Yesus secara utuh dalam
kehidupan saudara? Atau masih menyangsikanNya dan memilih untuk meninggalkan
Dia (bandingkan dengan ayat 60-66). Marilah kita belajar dengan rendah hati
untuk mendengarkan perkataan Tuhan dengan seksama. Memohon pertolonganNya agar
kita diberikan hikmat dan pemahaman yang benar tentang kehendakNya, sehingga
tidak ada lagi kesalah-pahaman akan maksud dan kehendak Tuhan. Selamat
membangun komunikasi dengan Tuhan! [DK]
“Always
Listening, Always Understanding” (Selalu mendengarkan, selalu mengerti)
Waosan :
Yokanan
6 : 44 – 51
Pamuji : KPK 158 : 1, 2
Nats
: “Kang mangkono iku ora ateges ana wong kang wus weruh marang Sang Rama.
Mung kang pinangkane saka ing Allah iku kang ndeleng sang Rama.” (ay. 46)
Ingkang
katitahaken mesthinipun mboten saged mirsani ingkang nitahaken. Conto kemawon
manungsa ingkang damel sepeda motor, mesthinipun sepeda motor mboten tepang
manungsa tapi manungsa tepang sanget kaliyan sepeda motor ingkang dipun damel
kalawau.
Semanten
ugi tamtunipun manungsa mboten saged tepang kaliyan ingkang nitahahaken, inggih
menika Gusti Allah. Menawi manungsa saged mangertos Gusti Allah, menika amargi
Gusti Allah ingkang nepangaken dhiri dhateng manungsa. Menika rupinipun ingkang
ndadosaken para tiyang Yahudi pating kedumel. Nanging Gusti Yesus mboten paring
wangsulan langsung pitakenan menika. Gusti Yesus ngarahaken dhateng pangertosan
bilih wonten sesambetan ingkang raket antawisipun kersanipun kaliyan karsanipun
Allah Rama. Pancen ketingalipun mboten tinemu nalar, awit kangge nampeni
pangertosan menika mbetahaken pangertosan rohani. Keyakinan rohani ingkang
kados mekaten saged dados pengajeng-ajeng lan dipun tambahi wiwit jamanipun
para nabi.
Namung
Gusti Yesus ingkang pinangkanipun saking Allah ingkang sampun mirsani Gusti
Allah Sang Rama. Para tiyang sanes kedah saged nampeni paseksi ingkang dipun
asta Gusti Yesus. Gusti Yesus menika roti panguripan. Kaunggulanipun roti
ingkang tumurun saking swarga menika kaliyan roti manna ing ara-ara samun jamanipun
Israel, ketingal saking asilipun. Roti panguripan saged tumuju dhateng gesang
langgeng, roti manna gagal dados pepalangipun pati.
Saking
andharan ing ngajeng cetha bilih manungsa mboten tepang kaliyan Gusti Allah,
menawi Gusti Allah mboten nepangaken dhiri dhateng manungsa. Tepangipun
manungsa dhumateng Gusti Allah Sang Rama, lumantar Sang Putra ingkang dados
roti pigesangan. Manungsa saged nampeni gesang langgeng srana pitados dhumateng
Gusti Yesus. Puji sokur dene kita dados kagunganipun Gusti Yesus ingkang
pinangkanipun saking Allah. Srana mekaten kita ndeleng Gusti Allah. [Bpur]
“Delengen
Allah ing Sang Kristus kang madha rupa karo wong asor!”
Waosan: Yoh 6:
30-35
Pamuji: KPK 79
Nats : Pangandikané Gusti Yésus: “Aku iki roti sing nguripi; sing sapa
marani Aku, ora bakal luwé menèh. Lan wong sing precaya marang Aku, ora bakal
ngelak menèh.” (ayat 35)
Sandang,
pangan lan papan, menika kabetahan dhasar gesang manungsa ing donya. Pramila
kathah manungsa ingkang gesang ing donya menika sami ngudi bab-bab menika. Peluang
kerja/ lapangan pekerjaan ingkang mboten kathah, mboten cocok kaliyan
cacahing manungsa ingkang langkung kathah ndadosaken manungsa sami berlomba ngudi
samukawis perkawis murih sedaya kabetahan kacekapan. Ing salebeting sami berlomba
menika, wonten tiyang ingkang saged nyekapi kabetahan gesangipun, malah
lumuber. Nanging ugi kathah tiyang ingkang mboten saged bersaing, lajeng
gesangipun kacingkrangan. Dados menika ingkang dumados ing gesangipun manungsa,
langkung malih menawi ngrembag bab tetedhan lan omben. Tetedhan lan ugi
omben menika ingkang nyata dipun betahaken manungsa ing saben dinten. Nalika
sami ewed pados tedha lan omben, awit mboten saged bersaing kala wau,
kathah tiyang ingkang menghalalkan samukawis perkawis sauger saged
ngangsalaken tetedhan lan omben. Kanthi nedha lan ngombe manungsa saged gesang.
Gusti Yesus
mengertos sanget ingkang dipun betahaken manungsa supados saged gesang,
tetedhan lan omben. Pramila nalika paring pangandika, Gusti ngagem tetedhan lan
omben dados sanepan. Yen manungsa mboten nedha lan ngombe, manungsa saged
pejah. Ananging menawi sedinten menika sampun nedha, benjingipun kedah nedha
malih awit sampun luwe. Benten nalika kita nedha saking Gusti Yesus ingkang
paring pangandika : “Aku iki roti sing nguripi; sing sapa marani Aku, ora
bakal luwé menèh. Lan wong sing precaya marang Aku, ora bakal ngelak menèh.”
Menawi
nedha lan ngombe sekul lan toya mesthi luwe lan ngelak malih, nanging pitados
dhateng Gusti Yesus ndadosaken kita mboten badhe luwe lan ngelak malih. Mboten
sisah menghalalkan samukawis kangge saged nedha. Menapa Gusti Yesus
bakal paring tetedhan? Inggih. Kuncinipun namung pitados, pitados ingkang
mantep. [Syn]
“Rasa
luwe agawe enak mangan, ora luwe agawe rasa ayem.”