Waosan : Mateus 23 : 1 – 12
Pamuji : KPK 148 : 1,3
Nats : “Sing sapa dadi gedhe ana ing satengahmu iku dadia paladenmu.” [11]
Pamuji : KPK 148 : 1,3
Nats : “Sing sapa dadi gedhe ana ing satengahmu iku dadia paladenmu.” [11]
Pemimpin punika satunggaling tiyang ingkang pinunjul, ingkang saged dipun wastani juru mudhi, ingkang nuntun, ngarahaken, nuladhani satunggaling kelompok patunggilan ingkang dipun pimpin. Maneka warni wujudipun, duka ing babagan negari, suku bangsa, pasamuwan lsp. jejibahanipun pemimpin inggih punika mimpin supados patunggilan utawi kelompok punika saged tuwuh kanthi sae jumangkah majeng lan ngasilaken ngantos dumugi enering kawontenan ingkang dipun tuju dening patunggilan punika. Maos dhawuhipun Gusti Yesus ing Injil Mateus punika, pikiran kita sami katuntun tumuju ing gegambaraning pemimpin ingkang sejati: ”Sing sapa dadi gedhe ana ing satengahmu iku dadia paladenmu.” Bab punika dipun dhawuhaken dening Gusti Yesus karana watak lamisipun (munafik) para ahli Toret lan tiyang-tiyang Farisi ingkang boten dipun remeni dening Gusti Yesus. Para ahli Toret lan Farisi inggih punika tiyang-tiyang ingkang dipun keparengaken apilenggah ing kursi nabi Musa. Sok sintena ingkang sami lenggah ing kursi punika, tumindak minangka guru, ahli tafsir, jeksa, lan saged ugi kagambaraken minangka pemimpining kelompok masyarakat. Gusti Yesus boten remen tumrap patrapipun. Awit para ahli Toret lan para Farisi punika tujuanipun namung supados ketingal dening tiyang sanes minangka tiyang-tiyang saleh utawi muesid lan ingkang sampun rumaket kaliyan Gusti Allah. Lan punapa ingkang dipun wedharaken dening para Ahli Toret lan para Farisi ing sainggiling kursi nabi Musa punika boten cundhuk kaliyan lelampahan ingkang katindakaken ing sadinten-dinten.
Karana saking punika Gusti Yesus ngemutaken para sekabat, bilih dados pemimpin ingkang sae punika kedah purun andhap asor ing manah. Ing ngriki Gusti Yesus migunakaken tembung “diakonos” (palados). Gusti Yesus ngarsakaken para sekabat saged dados juru pitulung lan pelados ing masyarakat. Inggih makaten ugi karsanipun Gusti tumrap kita. Kita dipun karsakaken fokus (temen-temen) ing paladosan lan padamelan kita, boten menggalih bab asil utawi pangalembana utawi kaurmatan. Dados, boten prayogi yen anggen kita lelados punika kanthi pangajeng-ajeng supados katingal gedhe ing kawruh, inggil ing kalenggahan. Amin [GaSa]
“Wong kang fokus ing jejibahan mesthi binerkahan.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar