Kamis, 16 Agustus 2012

Paukuman


Waosan :  Yehezkiel 12 : 1 – 12.
Pamuji :  KPK  163 : 1,2

Nats: “Bokmanawa banjur padha ngakoni manawa padha wangkot” (ay. 3b)
Nalika jamanipun Nabi Yehezkiel bangsa Israel kawastanan bangsa ingkang wangkot manahipun. Asring dhawuhipun Gusti Allah punika boten dipun gatosaken. Bangsa Israel anggenipun gesang boten setya malih dhateng Gusti Allah. Mila saking ngriku, Gusti Allah ngukum bangsa Israel. Bangsa Israel boten saged utuh malih dados bangsa ananging pecah dados Israel (sisih ler) lan Yahuda (sisih kidul). Boten namung punika kemawon, bangsa Israel saged kawastanan sampun boten dados bangsa pilihan malih, malah kasebat bangsa buwangan. Karana bangsa Israel lan Yahuda gesang ing papan pambuwangan ing tanah Babel. Nalika ing nagri Babel punika, bangsa Israel saged ngraosaken sisah, awrating gesang dados bangsa buwangan.
Nabi Yehezkiel dipun timbali dening Gusti supados melehaken bangsa Israel bab kalepatanipun. Mekaten ugi maringi pameca (nubuatan) lan pangajeng-ajeng dhateng bangsa Israel bilih Gusti Allah tetep setya nunggil kaliyan bangsa Israel. Ingkang dados karsanipun Gusti Allah nggih punika supados bangsa punika puruna mratobat lan mbangun turut dhateng Gusti Allah. Paukuman ingkang dipun tampi bangsa Israel ing papan pambuwangan wujud ganjaran karana Israel sampun nilar Gustinipun.
Kangge kita para pitados, kita saged sinau saking punapa ingkang kedadosan kaliyan bangsa Israel. Punapa kita sampun setya tuhu anggen kita ndherek Gusti Yesus? Gusti kita Gusti ingkang asih darma lan luber sih katresnanipun kanthi setya tuhu ngrimati gesanging manungsa, mekaten tumrap gesang kita. Sampun ngantos kita nampi paukuman saking Gusti Allah karana kita boten setya lan mbalela dhateng Gusti. Mangga kita njagi tumindak gesang kita. Kita kedah nggatosaken sadaya ingkang dados dhawuh pangandikanipun Gusti Allah. Sumangga kita nindakaken sadaya kegiatan lan pendamelan kalayan ngluhuraken asmanipun Gusti lan klayan pambangun turut dhateng pangrehipun. Lan ing pungkasanipun kita purun ngabekti lan setya tuhu dhateng Gusti ngantos selamining gesang kita. Setya tuhu tegesipun boten nate kendhat, saben wekdal tansah ndherek ing sakarsanipun Gusti Allah. (AR)
“Wong kang setya kanthi tulus uripe mesthi kebak ayem tentrem”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar