Waosan : Kolose 1 : 15 – 23 | Pamuji :
KPK 104 : 1, 3
Nats: “…kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga…” [ayat 20]
Nats: “…kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga…” [ayat 20]
Sedaya tiyang mesthi remen gesang
rukun. Boten wonten tiyang kepengin pasulayan. Mila wonten tetembungan
rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tetembungan menika ngengetaken menawi
kepengin gesang tentrem santosa, kedah ngudi karukunan, ing gesang bebrayatan,
ing pasamuwan lan ing masyarakat. Kasunyatanipun ngudi karukunan menika boten
gampil, mbetahaken upaya ingkang temen-temen.
Rasul Paulus paring piwulang dhateng
pasamuwan Kolose. Manungsa ingkang waunipun tebih saking Gusti Allah karana
tumindak dosa, samenika celak kaliyan Gusti Allah. Gusti Yesus sampun sinalib
seda lan wungu malih saking antawisipun tiyang pejah. Panjenenganipun
ngrukunaken kita kaliyan Gusti Allah. Srana pitados dhateng Gusti Yesus, kita
kasebat putraning Allah. Gusti Allah kersa paring pangapura dhateng kita.
Karana menika Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan ing Kolose supados mantep ing
pracaya, boten nyimpang saking dhawuhipun Gusti sarta nindakaken sabdanipun
Gusti ing lampahing gesangipun.
Bilih Gusti Yesus kersa ngurbanaken
Sariranipun kangge manungsa, kados pundi kaliyan kita? Bilih Gusti Allah kersa
rukun kaliyan manungsa, menapa kita purun rukun kaliyan sesami kita?
Wangsulanipun kita piyambak ingkang saged mangsuli. Minangka umat kagunganipun
Gusti, kita katimbalan dados juru pirukun ing satengahing gesang bebrayan.
Supados kita saged mujudaken
karukunan kang santosa, ingkang sepisan kita kedah nuladha dhateng Gusti Yesus.
Sedaya lampah gesang kita mbangun turut dhateng karsanipun Gusti. Kita purun
ngestokaken sedaya piwulang sarta netepi angger-anggeripun Gusti. Kaping kalih,
kita purun mbangun paseduluran ing pundia kemawon. Ing salebeting manah kita
kebak raos tresna dhateng sesami. Sampun ngantos kita nyimpen kalepataning
liyan, nanging nggadhahana manah ingkang kebak pangapura. Lan pungkasanipun,
kita boten benten-bentenaken sesami kita. Sedaya manungsa ing ngarsanipun Gusti
menika sami. Karana menika gesang ing satengahing brayat, pasamuwan lan
masyarakat sageda ndadosaken kita rukun kaliyan sintena kemawon. [AR]
“Katresnan iku tansah ngudi
pirukun”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar