Waosan : Lukas 10 : 21 – 24 | Pamuji :
KPK 167 : 1 – 3
Nats: “Samubarang kabèh wis dipasrahaké déning Sang Rama marang Aku. Lan ora ana wong sing ngerti Sang Putra kuwi sapa, kejaba mung Sang Rama. Mengkono uga ora ana wong sing ngerti Sang Rama kuwi sapa, kejaba mung Sang Putra piyambak, lan wong-wong sing diwanuhaké Sang Putra mau marang Sang Rama.” [ayat 22]
Nats: “Samubarang kabèh wis dipasrahaké déning Sang Rama marang Aku. Lan ora ana wong sing ngerti Sang Putra kuwi sapa, kejaba mung Sang Rama. Mengkono uga ora ana wong sing ngerti Sang Rama kuwi sapa, kejaba mung Sang Putra piyambak, lan wong-wong sing diwanuhaké Sang Putra mau marang Sang Rama.” [ayat 22]
Pitepangan kaliyan Gusti Allah
menika perkawis ingkang angel kalampahan. Menapa malih menawi manungsa ingkang
gadhah pepinginan badhe tepang kaliyan Gustinipun. Nanging menawi Gusti ingkang
ngersakaken tepang kaliyan manungsa menika mesthi saged kalampahan. Menapa
malih menika inggih awit saking keparenging penggalihipun Gusti.
Gusti Yesus ngendika bab kapitadosan
ingkang kiyat bilih rancangan kawilujenganipun Gusti Allah mesthi badhe
kalampahan. Sinaosa menika tetep wados (rahasia) tumrap para winasis. Ing Injil
Lukas kacariyosaken kanthi kawontenan ingkang mbingahaken kados ingkang
kedadosan: “kacarita sakabat pitungpuluh mau padha bali kanthi bungah sarta
padaha munjuk: “Gusti, dalasan para dhemit sami nungkul dhateng kawula awit
asma Paduka.” (ay. 17). Gusti Yesus tumunten paring dhawuh dhateng para sakabat
supados anggenipun sami bebingah menika sanes karana saged nundhung dhemit, nanging
karana pitados bilih “jenengmu wis katulisan ing swarga,” (ayat 20).
Ing kabingahan menika Gusti Yesus
memuji lan sukarena ing ngarsainpun Gusti Allah, kanthi kabingahan ingkang suci
ingkang kawangun lan ing pakaryanipun Allah pribadi. Wonten ing kabingahan
menika Gusti Yesus saestu sukarena ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang
nitahken langhit lan bumi, ingkang kangungan panguwaos tumrap sedaya titah.
Inggih ingkang salajengipun kasebat Allah Rama.
Semanten tebih lan lebet sanget
pitepanganpun Gusti kangge manungsa, ngantos manungsa ugi saged nyebat Gusti
Allah dados Ramanipun. Pramila, karana kita sampun dipun tepangaken Gusti
Yesus, kita ugi bingah kados kabingahanipun Gusti Yesus. Anjawi saking
menika kita ugi prelu memperluas dan memperdalam pitepangan kita kaliyan Gusti.
[Bpur]
“Saya lebet pitepangan, saya lebet
katresnan.”
http://www.gkjw.web.id/pitepangan-kaliyan-gusti