Pamuji : KPK 137
Nats : “Yagene kowe kok padha rasanan bab anggonmu padha ora nggawa roti? Apa kowe padha durung sumurup lan durung mangreti?” [ayat 17]
Kangge masyarakat Indonesia, beras menika dados kabetahan pokok ingkang dipun damel tetedhan saben dintenipun. Srana tetedhan kita saged kiyat, makarya, lan sehat. Kosokwangsulipun, menawi kita kekirangan tetedhan, badan dados lemes, mboten saged nyambut damel lan ndadosaken kita sakit. Karana menika tiyang nyambut damel supados saged nyekapi kabetahanipun.
Nalika semanten para sakabatipun Gusti Yesus kesupen mboten bekta roti ingkang dados sangu. Lajeng Gusti Yesus dhawuh supados para sakabat sami waspada tumrap “ragining tiyang Farisi lan Raja Herodes”. Ing pemanggihipun para sakabat, pangandikanipun Gusti Yesus menika dados teguran kangge para sakabat ingkang kesupen mboten bekta roti kangge sangu. Karana menika Gusti Yesus rumaos gela dhateng para sakabat. Sejatosipun Gusti Yesus dhawuh mekaten supados para sakabat menika waspada tumrap sedaya piwucal lan pengaruhipun para tiyang Farisi lan raja Herodes. Gusti Yesus ngersakaken imanipun para sakabat mboten gampil goyang. Ing waosan saderengipun, Gusti Yesus maringi tetedhan dhateng 5000 tiyang lan 4000 tiyang. Pakaryanipun Gusti ingkang mekaten wau kedahipun ndadosaken para sakabat pitados bilih Gusti Yesus kuwaos nyekapi kabetahaning gesangipun manungsa. Nanging para sakabat taksih kuwatos lan ajrih nalika roti ingkang kangge sangu kentun lan mboten cekap kangge sangu satengahing margi.
Kadhangkala minangka pandherekipun Gusti Yesus, kita kados para sakabat. Kita asring kuwatos lan ajrih ngadhepi gesang. Sedaya ingkang kalampahan asring namung kita tingali sacara lair kemawon. Kita kesupen bilih Gusti Yesus kuwaos nyekapi lan ngrimati gesang kita. Kabetahan tetedhan pancen penting, nanging kita kedah enget tumrap pakaryanipun Gusti Yesus ingkang mberkahi gesang kita saben dinten. Pramila, swawi kita alami gesang kita mboten namung kangge nyekapi kabetahan sacara kajasmanen kemawon nanging ugi kabetahan gesang sacara karohanen. [AR]
Kegedhen kuwatir dadi susah, iman gedhe dadi ayem.