Selasa, 18 Februari 2014

Kabetahaning Gesang

Waosan : Markus 8 : 14 – 21
Pamuji : KPK 137
Nats : “Yagene kowe kok padha rasanan bab anggonmu padha ora nggawa roti? Apa kowe padha durung sumurup lan durung mangreti?” [ayat 17]

Kangge masyarakat Indonesia, beras menika dados kabetahan pokok ingkang dipun damel tetedhan saben dintenipun. Srana tetedhan kita saged kiyat, makarya, lan sehat. Kosokwangsulipun, menawi kita kekirangan tetedhan, badan dados lemes, mboten saged nyambut damel lan ndadosaken kita sakit. Karana menika tiyang nyambut damel supados saged nyekapi kabetahanipun.
Nalika semanten para sakabatipun Gusti Yesus kesupen mboten bekta roti ingkang dados sangu. Lajeng Gusti Yesus dhawuh supados para sakabat sami waspada tumrap “ragining tiyang Farisi lan Raja Herodes”. Ing pemanggihipun para sakabat,  pangandikanipun Gusti Yesus menika dados teguran kangge para sakabat ingkang kesupen mboten bekta roti kangge sangu. Karana menika Gusti Yesus rumaos gela dhateng para sakabat. Sejatosipun Gusti Yesus dhawuh mekaten supados para sakabat menika waspada tumrap sedaya piwucal lan pengaruhipun para tiyang Farisi lan raja Herodes. Gusti Yesus ngersakaken imanipun para sakabat mboten gampil goyang. Ing waosan saderengipun, Gusti Yesus maringi tetedhan dhateng 5000 tiyang lan 4000 tiyang. Pakaryanipun Gusti ingkang mekaten wau kedahipun ndadosaken para sakabat pitados bilih Gusti Yesus kuwaos nyekapi kabetahaning gesangipun manungsa. Nanging para sakabat taksih kuwatos lan ajrih nalika roti ingkang kangge sangu kentun lan mboten cekap kangge sangu satengahing margi.
Kadhangkala minangka pandherekipun Gusti Yesus, kita kados para sakabat. Kita asring kuwatos lan ajrih ngadhepi gesang. Sedaya ingkang kalampahan asring namung kita tingali sacara lair kemawon. Kita kesupen bilih Gusti Yesus kuwaos nyekapi lan ngrimati gesang kita. Kabetahan tetedhan pancen penting, nanging kita kedah enget tumrap pakaryanipun Gusti Yesus ingkang mberkahi gesang kita saben dinten. Pramila, swawi kita alami gesang kita mboten namung kangge nyekapi kabetahan sacara kajasmanen kemawon nanging ugi kabetahan gesang sacara karohanen. [AR]
Kegedhen kuwatir dadi susah, iman gedhe dadi ayem.

Kamis, 06 Februari 2014

Hii.. Wedi Macan !


Waosan : Markus 6 : 7 – 13
Pamuji : KPK 106 : 1, 3
Nats : “Para sakabat rolas tumuli padha katimbalan lan padha kautus ngloro-ngloro sarta pada kaparingan panguwasa misesani para dhemit.” [Ayat 7]

“Dongeng kancil nyolong timun”, ingkang dados remenanipun anak kula rikala taksih alit inggih menika episode kancil dadi raja. Kacariyos, kancil kacepeng dening macan, lan sampun mboten saged uwal malih. Mila Kancil pados akal supados saged uwal saking bebaya. “Cil, kowe ora isa obah saiki. Mesti kowe dadi panganku” pangancamipun Macan. Kancil mangsuli ”He macan aja kurang ajar!!!! Kowe lagi sapejagong karo sapa heh…? Apa kowe ora krungu kabar, nek saiki kabeh kewan alas kene iki wis mitaya aku minangka dadi raja ing alas kene? Rajane dudu kowe meneh”. Kangge mbuktekaken, kancil ngajak macan ngubengi alas. Kancil mlampah ing ngajeng semu kabanda tanganipun, lajeng macan ngetut wingking. Kancil nyriyosi macan, “Piye, Can, kabeh kewan alas padha wedi ora ana sing cemuwit ta? Kuwi merga aweh urmat karo rajane”. Kacariyos kancil saged uwal saking regemanipun macan.
Ing waosan kita nginggil, Gusti Yesus ngutus bidhal ngloro-ngloro, mboten ateges wonten 6 tim. Ingkang wigatos anggenipun kadhawuhan bidhal menika kaparingan panguwasa. Manawi kita manungsa kesah tebih mboten mbekta sangu menapa-menapa mesthi badhe nemahi kathah pambengan (kesulitan) ing papan lan margi. Dados manawi ngaten sinten rowangipun siswa kalawau? Mboten sanes inggih Gusti Yesus piyambak. Awit nggadhahi panguwasa, kagungan manekawarni sesangu kanthi cekap.
Pramila menawi kita nyambut damel wonten ing salebeting garis marginipun Gusti Yesus, mboten perlu nggadhahi raos was sumelang bab kacekapaning gesang kita. Nyambut damel pakaryan menapaa kemawon kedah ndedonga rumiyin, nyuwun supados Gusti kepareng dados Rowang, nganthi sauruting margi. Yektosipun kewan wana mboten ajrih kaliyan kancil, nanging sami ajrih awit kakanthi dening si Macan. Awit pasamuwan menika kagunganipun Gusti, mila kita cumadang dados rowang gawe ingkang bekti. [masto]
Gusti kang ngutus lan nimbali, Gusti kang nuntun lan nganthi.